ACARA DAUPNG TEMANTEN
1. Pambuka Dauping
Temanten
Pambuka Dauping Temanten inggih punika MC mbukak acara
wiwit salam ugi ngantos dumugi waosan bismilah sesarengan.
2.
Calon Pengantin Putri
Mijil
Calon Pengantin Putri Mijil inggih punika calon pengantin
putri mijil saking panti busana kanthi manjing sasana rinengga kaliyan tiyang
sepuhipun calon pengantin putri digandeng pemanis diiringi gending jawi.
3.
Miose Boga Jenar
Miose Boga Jenar inggih punika saking pepungkuran (pawon)
tumuju marang sasana rinenggo ngaturaken skul (sego) menten, wondene ingkang
mbeto inggih punika pager ayu saha pager bagus.
4.
Bedhol Kembar Mayang
Bedhol Kembar Mayang inggih punika utusan nyuwwun ngampil
kembang mayang ingkang gadah damel kagem nyuwun Calon Pengantin Putra (sekar
cempoko mulyo sasele) wondene ingkang mbeto inggih puniko pager bagus.
5.
Pasrah Calon
Pengantin Putra
Pasrah Calon Pengantin Putra inggih punika wakil saking
calon pengantin putra maosaken sambutan kaliyan maringaken saserahan
marang tiyang sepuh/Keluarga Calon
Pengantin Putri
6.
Panampi Calon
Pengantin Putra
Panampi Calon Pengantin Putra inggih punika pidato saking
tiyang sepuhipun Calon Pengantin Putri kaliyan saserahanipun.
7.
DAUP utawi Panggih
DAUP utawi panggih inggih punika Pengantin Putra kalian
Pengantin Putri di panggihaken ing sak ngandhape Tarub Agung/Janur melengkung.
8.
Mapak Besan
Mapak Besan inggih punika rawuhipun besan sekaliyan dipun
pethok kaliyan duta saraya/utusan terus lenggah dateng sisihipun Pengantin
9.
Adat
A.
Bobot Timbang utawi
Krobogan
Bobot Timbang utawi Krobogan
inggih punika Bapak saking pengantin
Putri mangku putrinipun kaliyan mantunipun, kangge simbol menawi rasa
tresna dhateng putrinipun kaliyan mantunipun niku sami
B.
Kacar Kucur
Kacar Kucur inggih punika
Pengantin Putra maringaken wos dumateng Pengantin Putri artosipun priyayi
kakung kedah maringi gaji utawi hasil dumateng tiyang putri
C.
Sungkeman
Sungkeman inggih punika
Pengantin Putra kaliyan Pengantin Putri nyuwun pangestu dumateng tiyang
sepuhipun Pengantin Putra kaliyan Pengantin Putri
10.
Pambagyo Harjo
Pambagyo Harjo inggih punika pawongan inkang ditunjuk
tuan rumah kagem maosakn pidato ingkang isinipun panuwun.
11.
Kirab 1+ 2
Kirab 1 + 2 inggih punika Pengantin Putra kaliyan
Pengantin Putri santun busana saking busana kilanindran dhateng busana
satriyatama.
12.
Doa Penutup
Doa Penutup inggih punika ulama utawi MC maosaken donga
kagem pengantin kekalihan lajeng MC nutup acara kanthi waosan hamdalah
sesarengan.
0 comments:
Post a Comment