PEMBUKA TEMANTEN
ASSALAMU’ALAIKUM WR WB
Alhamdulilahirabil’alamin
washolatuwasalamuasrofil ambiyai walmursalin waala’alihi wasobihi ajmin Amaba’du.
Para kakung sumawa putri ingkang dahat ing kinurmatan. Langkung – langkung
panjenenganipun :
1.
Para pepundhen,
para sepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dumateng pepoyaning
kautamen ingkang pantes pinundi saha kinabekten
2.
Panjenenganipun
para sarjana luhuring budi ingkang sampun hanampi wahyuning kasutapan
3.
Panjenenganipun
para manggaling negari para rana praja ingkang tansah mastuti jejaning adil.
4.
Dhumateng para
kyai, alim ulama ingkang tansah sinandhing kitab suci wahyuning ilahi ingkang pono
ing pamawa, lebda ing pitutur, kiblat ing panembah
5.
Para tamu kakung
sumawa putri ingkang baraya agung trah ingkang satuhu hambek berbudi saha
ingkang pantes sinudarsana.
Keparenga hambuka
wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha.Nun Inggih...!
Awit saking keparengipun Bp.Firman sekalian garwa
ingkang hamengku karsa, ing siang kalenggahan punika kula pradapa kapitedan
sinaraya ingkang parikedah, hanjejeri mangka juru pranata hadicara.
Para rawuh sakderengipun sumonggo kita sami tansah ngaturaken
puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT punapa kanthi kenikmatan ugi
kesehatan kita sedaya saged makempal ing wedal ugi papan ingkang sae punika. Saklajengipun
shalawat serta salam katur dumatheng junjungan kita Nabi Muhammad SAW ingkang
tansah kita ajeng-ajeng lenggah pitulunganipun mangke ing yaumul qiyamah. Amiin
Para tamu kakung saha putri ingkang
satuhu luhuring budhi,
Nun inggih..! Keparenga pambiwara
hamuwarni lekas wekasing sedya, ingkang punika enggal binuka lampahing
pawiwahan kanthi reroncening tata adicara ingkang sampun karakit dene para kulawangsa. Nun Inggih . . .!
·
Panggihing
penganten miturut satatane adat widhi widana ingkang sampun lumampah ing tlatah
Ngawi, saklajengipun atur pambyagharja saking ingkang hamengku karsa dene
tetuangga ingkang piniji.
·
Wondene kirabing
temanten saking sasana rinengga, miwah kirabing penganten ingkang sampun santun
busana, badhe kapratitissaken para kulawangsa ingkang sampun pinilih.
·
Paripurnaning
sedya mbok bilih penganten sarimbit sampun jengkar saking sasana rinengga
tumuju wiwara ngajeng, tandha yekti pawiwihan sampun paripurna.
Para
tamu para lenggah satuhu bagya mulya, mekaten reroncening tata adicara ingkang
sinanggit dene para kulawangsa. Sakderengipun kita miwiti acara ing siang
punika sumangga kita sami maos waosan basmalah sesarengan
“bismillahirahmanirrohim”. Nuwun.
thakns bro buat teks nya
ReplyDeleteizin copast ya min.....
iya sama2, semoga bermanfaat...
ReplyDelete